Rabu, 19 Oktober 2016

Pepatah jowo

*pepatah jowo* 

          *PRATONDHO*
            *Soko Rogo*

   Yèn sliramu tuwo terus *ompong*.
Iku pertandhanè sedhèlo manèh bakalè *ngerong*.
Mulanè urip ojo dadi wong *sombong*.
Mengko kabèh amalè iso *kobong*.

  Yèn sliramu tuwo tambah *kisut*.
Iku pertandhanè sedhèlo manèh mlebu luwèng *ciut*.
Mulanè urip ojo *lacut*.
Anggonè maksiat ojo *kebacut*.
Lan ojo *dilanjut*.

   Yèn sliramu tuwo terus rambutè *putih*.
Kuwi mertandhanè yèn sedèlo manèh bakalè *mulih*.
Mulanè yèn urip sing ikhlas ojo tansah *pamrih*.
Ngèlingono nyowo iki amung *nyilih*.

   Yèn sliramu tuwo terus mripatè *rabun*.
Iku mertandhani nyowo wis cedhak *ubun-ubun*.

   Yèn sliramu tuwo terus *wungkuk*.
Kuwi mertandhanè yèn urip kari *sèsuk*.

Karo peraturan Agama kudu *tundhuk*.

  Yèn sliramu tuwo terus wetengè *gendut*.
Dudu kok mergo isinè *welut*.
Ayo podho nyuwun pangapuro sedoyo laku sing *luput*.
Bèn ikhlas yèn sak wayah-wayah nyowo iki *dipundhut*.

  Yèn sliramu tuwo untunè akèh sing *ucul*.
Kuwi mertandhani nyawa sedhèlo manèh bakal *mumbul*.
Mulanè njaluk pangapuro sakdurungè *dipikul*.
Ora iso ngibadah yèn awak wis dipendhem nganggo *pacul*.

*Aamiin.....*

*Ayo dulur mugo mugo kanthi nyambung silaturrahim, biso tukul amalan kang becik.......*

*Aamiin...*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar