Senin, 09 Januari 2017

Guyonan ojo podo gresulo

Ojo dho nggresulo...

...Wis ra sah bingung perkoro panganan, daging larang, beras plastik...

Wis suwe awake dewe mangan Iwak Gabus yo biasa2 wae ....

Mangan Tong Seng wetenge yo ora opo2

Mangan sego kucing yo doyan.....

Wong-wong malah mangan Ndhog Gludhug...

Wong Semarang mangan Ganjel rel..

Wong Palembang mangan kapal selam

Wong mBali biasa mangan sayur paku ...

Bocah2 SD wis kulino mangan pisang molen..

Meh kabeh wong Indonesia yo wis tau mangan bangku sekolah..

Mangan beton yo sehat2 wae wetenge...

Mbok koyo wong kediri, takwa dipangan..

Gawe kopi karo teh di campur gula pasir yo isih sehat kok..,

Malah ono sing gawe gulo batu.

Wong Yoja, Balok yo dipangan

Beton yo diuntal...

Sing mangan ketoprak yo ono...

Dhahar bakso granat nggih eco mawon

Mangan kacang atom yo sehat, ora mbledhos kaya hirosima..

Oseng oseng mercon yo do doyan

''Putri Salju'' yoo DiEmplok..

Rondho royal yo do doyan opo meneh rondho alim, soyo di goleki,

Tempe kemul yo enak wae..

Sambel setan wae di pangan.. setane yo bingung.. arep nganggo sambel e sapa..

Yo dho seneng mangan permen karet wetenge
yo ora dho nggembos...

Ibu2 ngerti cakar ayam
arep nggo ngecor gawe omah yo malah esuk2 dimasak sop...
Sugeng sonten.....������

Tidak ada komentar:

Posting Komentar